April 12, 2009

Special Nemen Siaran Tegalan

Moshi moshi.....

Dina kiye, paramitra sejen nemen karo sing wingi-wingi soale dina kiye enyong siaran ora nggo bahasa Indonesia tapi wajib nganggo bahasa ibu (tegalan) soale dina kiye tepat milade Kota Tegal sing ke 429 taon.
Dadine sadina full, mitra action sing siaran kudu ngomong ngapak - ngapak.
Nah, enyong keduman ndisiti mbuka acara nggo tegalan soale kan enyong siaran jam 5 esuk nang Sunday Music.
Asline sing nggawe enyong rundag kuwe gara - gara siarane direkam wes kaya kuwe ana Mba Arin teka Gajahmada fm Semarang kayane sih sisan ngontrol kemajuane siarane La Bamba.
Ya ampun, pertamane ngomong ora karuan nemen sunk rundage kaya pan ketemu karo menterine nganti ngomonge juga rada keblibet kaya kuwe, Jon...
Apa maning enyong siarane 3 jam dewekan wes kaya kuwe gitane ya campuran persada karo manca sing kayane ora nyambung nemen karo ngomonge. Tapi wez manteb nemen sunk.

Eh, tapi saya suwe saya enak nemen ngomonge dadi rada plong kaya ngobrol karo jakwire dewek lah.
Apa maning sing paling nyenengi kuwe jebule akeh sing mlebu melu telpon on line, ana sing teka mbatang, Brebes, Tegal, Pemalang, nganti moga.
Kabehe pada senengen karo programe La Bamba soale nang Tegal laka radio sing siaran Tegalan nganti sedina full.
Ora setitik paramitra sing takon pas telpon on line
"Merin asli wong tegal?"
"Ngomong tegale mendok nemen"
Berarti enyong wes lulus ya dadi wong tegal, hehehehehe...

Ana siji sing nggawe mumet keh, Jon..

Dunk enyong siaran sunday music kuwe kan kudu ngajak mlaku-mlaku maring tempat wisata nang ndi bae sing nang indonesia khususe.
Karna enyong durung nggawe skrip mlaku-mlakune nggo bahasa tegalan dadine enyog langsung maca sing majalah. Akhire enyong kudu ngartikna dewek sing bahasa gaul maring tegalan.
Ora ditulis disit, dadine bahasa tegalan sing metu pas kuwe ya tegalan campuran karo bahasa indonesia.
Pokoke wagu nemen wes nganti aq gembuyu - gembuyu dewek pas maca.

Dina kiye akeh nemen pelajaran sing enyong terima pas siaran nggo bahasa tegalan.
Enyong ngerasa luwih akrab karo paramitra ya walopun ora abehe paramitra sing bisa bahasa tegalan.
Hmmm, walopun enyong dudu asli tegal tulen soale esih ana campuran wong manadone tapi enyong melu seneng trus bangga nemen bisa ngerasakna siaran nggo bahasa ibu alias tegalan maning.
Taon wingi, enyong siaran tegalan pas acara Breaktime jam 12 awan tus cuma 2 jam tok tapi taon kiye enyong olih jatah siaran dewekan Sunda Music (jam 5 - 8 esuk) tus siaran bareng Tong FeruL nang Bigoss (jam 2 - 5 sore).

Oy, nganti pan klalen nggo kota Tegal enyong pan melu ngucapna
Met Hari Jadine sing ke 429 taon
Moga - moga bae taon kiye Tegal luwih jaya, sukses, rakyate makmur trus tambah keminclong bae apa maning saiki Tegal dicekel karo Walikota anyar, Ikmal Jaya. Amien...



Wes lah, enyong pamitan disit yak soale engko sore siaran nggo tegalan maning kyeh karo Ferul biasa pan ngomongin sing lagi anget-angete nang Tegal.
Matur suwun sanget nggo Pak Rudi trus paramitra setia La Bamba FM.

Seja o primeiro a comentar

Post a Comment

Chit chat paramitra
Silahkan beri komentar yang tentu saja tidak mengandung unsur SARA, Iklan, mencaci atau menghujat sesuatu.
Damai itu indah...

I Like

  • Maroon 5
  • Mickey Mouse
  • Sinna Sherina Munaf

Follow Merin


  ©Edited Template by masenchipz